name="robots" content="index, follow" NASKAH KHUTBAH JUM'AT SERENTAK JATENG - OPERATOR MADRASAH
{getFeatured} $label={recent} $type={featured1}
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

NASKAH KHUTBAH JUM'AT SERENTAK JATENG

 

 (Alih Bahasa mawi (Boso Jawi) Oleh: Ust.Imam Supardi KMB, S.Sos.I , Penyuluh Agama Islam PANPNS  KUA Kec.Brati BIMMAS Islam Kemenag Kab.Grobogan)

Hadlirin Jama’ah Jum’at Ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt

Sepindah..., monggo kito sami ngucapaken raos puji syukur dateng Ngarso Dalem Allah Swt, ingkang sampun hanglimpahaken sedoyo karunia soho nikmatipun, wonten ing saklebetipun kahanan kawontenan wabah  virus Covid 19 ingkang taksih mewabah, kito saget nderek hanglampahi sholat Jum’at kanthi kawontenan sehat wal’afiat kanti tetep ngginaaken Protokol kesehatan Covid 19. Mugio wabah virus Corona enggalo sirno musno saking ngalam puniko amin yaa Robbal alamien.

Sholawat soho salam  kunjuk dumateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring katuladhan ing sak lebetipun ngagesang puniko. Mugio kito soho putro wayah kito tansah setiyo tuhu dadhos penderekipun ngantos ing yaumil kiamat...amiin allahuma amiin.

Wonten ing kalodhangan khutbah Jum’at siang puniko, monggo kito sami ningkataken ketaqwaan kito dumateng Ngarso Dalem Allah Swt, supados ing sak lebetipun gesang kito puniko tansah manggihi wilujeng (selamet) bagyo mulyo dunyanipun ugi akhiratipun.

Hadlirin jama’ah Jum’at ingkang minulyo

Ing saktengahing kahanan  pandemi Covid 19 ingkang dereng saget dipun kendaliaken kanti purno, kito sedoyo kedah saget dadhos conto utawi tulodho lilo anyudho raos lerem sawatawis  kapribaden awak kito, saperlu kagem hamujutaken kesaenan / kemaslahatan sesarengan. Lilo ngagem masker, bebersih asto kito ngagem sabun, ugi njagi jarak, lan ngirangi ugi amatesi aktifitas sosial ingkang saget ndadhosaken kerumunan, sakyogyanipun kagem kabetahan keslametan tumprap awak kito lan ugi keslametanipun tiyang sanes.

Wabah Covid 19 ingkang kito raosaken dugi wekdal sapuniko sekyektosipun minongko ujian saking Allah Swt, ujian kesabaran, soho kapitadosan ketaqwaan dumateng Allah Swt.

Mboten wonten satunggaling musibah ingkang kedadhosan tanpo idhi palilahipun Allah Swt. Kadhos dene ngendhikanipun Allah Swt ;

Ingkang artosipun :”Mboten wonten satunggaling musibah ingkang tinampi sakdengahing (sawijining) tiyang kejawi saking idhi palilahipun Allah Swt; lan sinten tiyang ingkang beriman dateng Allah Swt, sakyetosipun Allah Swt badhe paring pituduh ing saklebetipun lathi (atinipun). Lan Gusti Allah Moho Mangerthosi sedayanipun”. (QS.at-Taghabun, ayat 11)

Kito wajib kedah ikhtiyar nyegah penularan Covid 19. Kito wajib njagi kesarasan lan nebihi saben-saben obah mosiking kahanan ingkang saget njalari (nyebabaken) nularipun penyakit, awit puniko minongko bagian saking ngrekso tujuan utami (pokok) beragami (al-Dhoruriyat al-Khoms)

Nganthos diten (saat) puniko, kito sedoyo warga Indonesia, bahkan ugi sak ndonyo taksih dipun ribetaken ing ndalen ngrampungi (mengatasi)  pandemi Covid-19. Hanamung perlu kito pahami sesarengan, punopo ingkang ngliputi kawontenan dunyo  saat niki mboten perkawis anyar, kawontenan kadhos makaten puniko nate kedadhosan ing wekdal ingkang sampun klewat (rumiyin). Ing zamanipun Rasulullah SAW nate ughi dipun landa wabah ingkang panjenenganipun sebat “Tha’un”. Sahiggo kito saget bibinau (sinau/belajar) kepripun anggenipun tata cara (mbrantasi/mengatasi), kadhos dene Sabdo pangendikonipun Rasulullah SAW :

Artosipun :”Naliko siro kabeh krungu wabah ing sawijining papan panggonan (negoro,wilayah,daerah), mongko ojo siro mlebu ing papan panggonan iku mau, lan nalikane siro ono ing sak jerone  papan panggonan iku, ojo siro metu songko papan iku mau”. (HR.Bukhari lan Muslim)

Hadlirin Jama’ah Jum’at ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt

Ing ndalem ngadhepi kawontenan/kahanan kadhos puniko ingkang perlu dadhos kawigatosan sesarengan (sesami) inggih puniko NINGKATAKEN KEPATUHAN ughi KETAATAN. Kepatuhan kito dateng Allah Swt  lan Rasulipun, ughi Kepatuhan kito dateng pemerintah minongko ingkang kagungan purbo waseso (wewenang) ing ndalem mutusaken kawicaksanan gegayutan (gegandengan) kaliyan percepatan menangani wabah virus Covid-19.

Allah Swt ngendikaaken :

Artosipun :”Hai siro kabeh wong-wong sing podo iman ta’ato maring Allah lan utusane Allah, lan ulil amri (pemerintah) ing antarane siro kabeh. Nuli ing ndalem nalikane bedho ing sawijining hal, mongko balek’aken maring Allah (Al-Qur’an) lan Rasul (Sunnahipun), lamun siro yekti bener-bener beriman maring Allah Swt lan dino akhir. Kang koyo mengkono iku mau luwih utomo tumpraping siro lan luwih becik akibate”.

Keteguhan ketaatan dumateng Allah Swt lan Rasulipun, lan ughi sekaligus dumateng ulil amri (pemerintah),tentu mboten saget lepas saking raos ngurmati ugi menghargai (ngregani) sesami warga negara Indonesia, ingkang minongko sedherek/sedulur se-bongso, tanpo merdulikaken latar belakang, asal muasal, suku, lan bosonipun (bahasanipun) saro gegayuhan/cita-citanipun. Sedoyo dipun iket dening semangat sila ingkang kaping tigo “Persatuan Indonesia”.

Pramilo kanti puniko supados saget handadhosaken bongso kito kuat, kito kedah mbangun terus  kanti wiwitan “Visi (gegayuhan) sesami (common vision), kanti merhatosaken (perbedaan) dadhoso kekayaan ingkang migunani, soyo ngukuhaken/ngiyataken tekad kito. Mboten sewalikipun saling ndawahaken (menjatuhkan)/ngrubuhaken. Perbedaan (benten-benten) ingkang wonten ing antawisipun sesami anak bangsa, mboten ndadhosaken alasan saling memungsuhan, ananging kito kedah menghargai / ngurmati Perbedaan puniko sebagai cara utawi dalan / margi ingkang dipun (tempuh)/ lampahaken sedherek  kito kagem nderek nyengkuyung hanggayuh cita-cita (gegayuhan) bongso Indonesia, inggih puniko “Baldatun Thoyyibatun Wa Robbun Ghofur”

Monggo kito sami nyingkiri/nebihi sifat sombong lan angkuh ing ndalem ngadepi kahanan / kawontenan ingkang kadhos makaten. Ampun ngantos amargi kesombongan kasebat malah ngicalaken / ngilangaken kepatuhan kito dateng himbauan pemerintah. Punopo ingkang kito adhepi saat puniko ampun ngantos dipun remehaken / sepelekaken, sedoyo kedah berperan aktif sesarengan kagem ngendhekaken (menghentikan) penyebaranipun virus Covid-19.

 

 

Minongko tiyang mukmin kito kedah yakin bilih sedoyo kedadhosan puniko ketentuanipun (Qudroh Irodah) Allah Swt.

Rasulullah SAW ngendikakaken :

Artosipun :”Gusti Allah Swt  ora bakal nurunake sawijining penyakit, kejobo Allah Swt ugo nurunake (obat) penaware,” (HR.Bukhari)

Mugi-mugi wabah ing saat puniko ingkang dadhos pandemi global (sak dunya) enggal (teratasi) sirno musno saking idhi palilahipun (izin) Allah Swt.

Amiin ya Robbal “Alamiin...

 Alih Bahasa ( Boso ) Jawi  Oleh : Ust. Imam Supardi KMB,S.Sos.I

Penyuluh Agama Islam ( PAI NonPNS ) KUA Kec. Brati  Kemenag Kab.Grobogan

 

 




Post a Comment for "NASKAH KHUTBAH JUM'AT SERENTAK JATENG"